Ingsun
Hack Editing : A tak
Right Writer : Sujiwo tejo
Nunggang roso
ngener ing panggayuh
Lunging gadung
mrambat krambel gadeng
Gegondel witing roso pangroso
Nyancang jati wasanane
Mbrebes mili
banyu saking langit
Tibeng kedung
lumembak ing pangkon
Anut nyemplung
lelakon ngawurip
Cumemplong roso atiku
Candrane wong nglangi
Ing tlogo nirmolo
Candrane kumambang
Ing sendang sumolo
Solan salen
slagane manungso
Empan papan
sasolah bawane
Esok sore
rino sawengine
Ajor-ajer 'njing kahanan
Candrane wong nglangi
Ing tlogo nirmolo
Candrane kumambang
Ing sendang sumolo
Tan lyan gegondelan
Tarlen mung wit krambel gadeng
Komentar
Posting Komentar